Senin, 23 September 2013

Syair Kinanthi Gatutkoco Gandrung








~ Balung pakel duh mbok gunung
teja bengkok nginum warih
sn puwung rabiya kadang
dadi lok-ing wong sabumi
rejasa kang mimba warna
sun temah dadiya krami

Giwanging surya mbok gunung
teki geng kang pindha wlingi
tan gumingsir prapteng pejah
mung sira kang condhonging budi
peksi reng mangsa kunarpa
sun dhandhang dadiya krami

Sulung enjang dhuh mbok gunung
pustaka pinudyan krami
ngur matiya raganingwang
lamun tan bisa karonsih
ancur kaca dhuh bandara
kang dadi rasaning ati

Bokor siti dhuh mbok gunung
agawe cuwaning ati
cirak arga munggwing wana
krawitan selehing gendhing
durung tutug jejagongan
kasusu tinundung mulih

Surya muka dhuh mbok gunung
pepatih ing Mahespati
kalaning ingsun tumingal
marang wandanira yayi
suwasa tanpa kencana
lir kena sumbaga dhesti

Tambang palwa dhuh mbok gunung
kuskus gantung saupami
yen suh sawang warnanira
sasolahe ndhungkar ati
pambabare sekar pucang
agawe gonjanging ati

Puspa lesah dhuh mbok gunung
putrendra wanara Bali
katgateng tyas sruning brongta
prapteng papa sun lakoni
sawang kudhinipun baita
mung ketang sira wong manis ~ 
~

1 komentar:

  1. Pada 8, gatra 5 guru wilangan kasêrat " Sawang kudhinipun Baita " kanthi gunggung guru wilangan 9.

    Punika klèntu kêrik punapa kados pundi.
    Nyuwun katrangan.

    Mênawi kêparêng kula suwun kadamelwerdinipun wiwit pupuh 1.

    Nuwun...nuwun...matur nuwun.

    BalasHapus